• mang heri dan keluarga.
  • rumah mang heri.
  • rouf dan kawan kawan.
  • KH.Uci tartusi pasar kemis.
  • abah obay kerawang ahli tauhid.
  • KH.sar'i a.
  • ulama fikih caringin .
  • pemimpin adil dalam keluarga , gofarallahu lahu.
  • ulama ulama jawa.
  • Replace This Text With Your Featured Post 4 Description.
  • Replace This Text With Your Featured Post 2 Description.
  • makom angling darma.
  • Replace This Text With Your Featured Post 4 Description.

Sabtu, 11 Juni 2011

Doa Dan Sholat

اَ لسَّلاَ مُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَ بَرَكَا تُهُ اَ لْحَمْدُ لِلهِ رَبِ الْعَالَمِيْنَ وَ بِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى اُمُوْرِالدُّ نْيَا وَالدِّيْنِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَي سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنِ ( اَ مَّا بَعْدُ )
Pertama-tama marilah kita panjatkan rasa puji tasakur kita kehadirat ilahi robi yang telah memberikan beribu-ribu keni'matan yang tak terhitung jumlahnya kepada kita sekalian terutama ni'mat iman islam dan ikhsan
Sholawat seiring salam semoga sealu tercurah limpahkan kepada baginda alam Nabi Muhamad SAW beserta keluarga dan para sahabatnya dan kita semua sebagai umatnya Amin Amin Ya Robal alamin
Selanjutnya saya mohon ma'af kepada para pembaca buku ini apabila ada kesalahan-kesalahan baik di dalam tulisan harkat dan sebagainya
Tujuan dan keinginan saya menulis buku ini adalah untuk mempermudah para pelajar menghapal rukunan dan do'a-do'a ,khususnya bagi para pelajar Anak-Anak majlis ta'lim Al-Anniyah




نَفَعَنَا اللهُ بِعُلُوْ مِهِمْ اَمِيْنَ
وَالسَّلاَ مُ
اَلْغَقِيْرُ اَلْحَقِيْرُ اَلرَّا جِيْ رِضَ الرَّحْمَنِ
مُحَمَّدْ اَسْوَانِيْ




DO'A MAU TIDUR
اَعُوْذُ بِااللهِ مِنَ الشَّيْطَا نِ الرَّجِيْمِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : بِسْمِكَ اَللَّهُمَّ اَحْيَا وَ اَمُوْتُ
Ngelindung isun kelawan nyebut asmane Allah saking setan kang den ranjam ,Memiti isun kelawan nyebut asmane Allah kang murah ing dalem dunia tur kang welas asih ing dalem akhirat
Kelawan nyebut asmane tuan urip isun lan mati isun )ا(

DO'A BANGUN TIDUR
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ ِحْيِم : اَلْحَمْدُ اللهِ الَّذِى اَحْيَانَا بَعْدَمَا اَمَاتَنَا وَاِلَيْهِ النَّشُوْرُ
Utawi sakehe puji iku tetep kedue Allah kang wis nguripaken ia Allah ing kita ingdalem seuwise ngematikaken ia Allah ing kita lan maring Allah iku panggonan bebalik
DO,A MIMPI BURUK
بِسْمِ اللهَ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ :اَللَّهُمَّ لاَ يَاءْتِيْ بِاالْحَسَنَةِ اِلاَ اَنْتَ وَلاَ يَذْهَبُ بِاالسَّيِّئَةِ اِلاَّ اَنْتَ لاَحَوْلَ وَلاَقُوَّةَ اِلاَّ بِااللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ
Ya Allah ora teka ing isun kelawan kebagusan anging tuan lan ora teka kelawan keala'an anging tuan lan ora nana daya upaya lan kekuatan anging ing tuan kang maha luhur tur kang maha agung

NIAT MANDI JUNUB
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ ِحْيِم : نَوَيْتُ غُسْلاً للِّرَفْعِ الْحَدَثِ اْلاَكْبَرِ ( عَنْ جَمِيْعِ الْبَدَنِ ) فَرْضاً اِللهِ تَعَالَى
Niat isun Adus karna ngilangaken hadast gege ( saking sekabehe badan ) hale fardu karna Allah ta'ala


DO'A BERCERMIN
اَللَّهُمَّ حَسَنْتُ خَلْقِيْ فَحَسِّنْ خُلُقِيْ
Ya Allah kaya barang kang sampun ngebagusaken tuan ing kedadian isun mangka muga-muga ngebagusaken tuan ing akhlak isun


DO'A SALAM KE MASJID
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : اَلسَّلاَ مُ عَلَيْكُمْ يَاَهْلَ الْبَيْتِ الْكَرِيْمِ الْعَظِيْمِ
Utawi keselamatan iku tetep ingatase sira sekabeh he ahli bet kang mulya tur kang agung


DO'A MASUK KE MASJID
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : اَلَّلهُمَّ افْتَحْ اَبْوَابَ رَحْمَتِكَ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
Ya Allah muga-muga ngebukakaken tuan ing lawang rohmat tuan kelawan rohmat tuan he dzat paling asihe wong kang asih kabeh

DO'A BERWUDHU DAN PERTINGKAHNYA
Utawi sakehe fardune wudhu iku nenem siji niat kelawan ati, niate :
بَسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : نَوَيْتُ وُضُؤًا لِرَفْعِ الْحَدَثِ اْلاَصْغَرِفَرْضًا اِللهِ تَعَالَى
Niat isun wudhu karma ngilangaken hadast cilik hale fardu karna Allah ta'ala

Lan kaping do ngusap rerahi do'ane ngusap rerahi :
بَسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : اَللَّهُمَّ بَيِّضْ وَجْهِيْ بِنُوْرِكَ يَوْمَ تَبْيَضُّ وُجُوْهٌ وَّتَسْوَدُّ وُجُوْه

Ya Allah muga-muga mutihaken tuan ing rerai kula kelawan nur tuan ingdalem dinane putih apa sakehe rerahi lan ireng apa sakehe rerahi

Lan kaping telu ngusap tangan karo serta sikute karo

, Do'ane ngusap tangan tengen :
ِبسْمِ ِاللهِ الرَّحْمَنِ ِالرَّ حِيْمِ : اَللَّهُمَّ اَعْطِنِيْ كِتَابِيْ بِيَمِنِيْ وَحَاسِبْنِيْ حِسَا بًا يَّسِيْرًا
Ya Allah muga-muga ngowehaken tuan ing kula ing kitab kula kelawan tangan tengen kula lan muga-muga ngehisab tuan ing kula kelawan hisaban kang gampang

Do'ane ngusap tangan kiwe :
ِبسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : اَللَّهُمَّ اِنِّيْ اَعُوْذُبِكَ اَنْ تٌعْطِيَنِيْ كِتَابِيْ بِشِمَالِيْ اَوْ مِنْ وَّرَاءِ ظَهْرِىْ

Ya Allah setuhune kula iku ngelindung kula ing tuan ing arep yentah ngowehaken tuan ing kula ing kitab kula kelawan tangan kiwe kula atawa saking burine gigir kula


Lan kaping pat ngusap sirah Do'ane ngusap sirah :
ِبسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : اَللَّهُمَّ حَرِّمْ شَعْرِىْ وَبَشَرِىْ عَلَىَ النَّا رٍ
Ya Allah muga-muga ngeharamaken tuan ing rambut kula lan kulit kula ing atase neraka

Do'ane ngusap kuping karo
ِبسْمِ اللهِ الرََّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : اَلَّلهُمَّ جْعَلْنِيْ ِمَن اللَّذِيْنَ يَسْتَمِعُوْنَ الْقَوْلَ فَيَتَّبِعُوْنَ اَحْسََنَهُ

Ya Allah muga-muga ngedadikaken tuan ing kula saking wong iku kabeh kang pada ngerungu ia wong iku kabeh ing pengucap mangka pada nurut buri ia wong iku kabeh ing bagus-baguse pengucap

Lan kaping lima ngusap sikil karo serta kekionge karo


Do'ane ngusap sikil tengen
ِبسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ ِحْيِم : اَللَّهُمَّ ثَبِّتْ قَدَ مِيْ عَلَى الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ مَعَ اَقْدَمِ عِبَا دِ كَ الصَّالِحِيْنَ
YA Allah muga-muga netepaken tuan ing delamakan kula ing atase powotan sirotol mustakim serta delamakan hamba-hamba tuan kang soleh-soleh kabeh

Do'ane ngusap sikil kiwe
ِبسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّ حِيْمِ : اَللَّهُمَّ اِنِّيْ اَعُوْذُ بِكَ اَنْتًزِلَّ قَدَ مِيْ عَلَىَ الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ يَوْمَ تَزِلُ اَقْدَ مُ اْلمُنَافِقِيَْنَ وَ الْمُشْرِكِيْنَ

Ya Allah setuhune kula iku ngelindung kula ing tuan ing arep yentah melesedaken tuan ing delamakan kula ingatase powotan sirotol mustakim ing dalem dinane melesed apa sakehe delamakanane wong munafik kabeh lan wong musrik kabeh

Lan kaping nenem tartib artine tartib iku ngeruntut sing dingin di dinginaken sing kari di karikaken
Do'a sesudah wudu
اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهٌمَّ اجْعَلْنِيْ مِنَ التَّوَّابِيْنَ وَاجْعَلْنِيْ ِمنَ الْمُتَطَهِّرِيْنَ وَاجْعَلْنِيْ مِنْ عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ سُبْحَانَكَ اَللَّهُمَّ وَبِحَمْدِكَ اَشْهَدُ اَنْ لاَّ اِلَهَ اِلاَّ اَنْتَ اَسْتَغْفِرُكَ وَاَتُوْبُ اِلَيْكَ

Nakseni kula ing setuhune kelakuan ora nana pengeran anging Allah hale deweke Allah ora nana kang nyekutoni keduwe Allah lan nakseni kula ing setuhune kanjang nabi muhamad iku hambane Allah lan utusanane Allah Ya Allah muga-muga ngedadikaken tuan ing kula saking wong kang taubat kabeh lan muga-muga ngedadikaken tuan ing kula saking wong kang suci kabeh lan muga-muga ngedadikaken tuan ing kula saking hamba-hamba tuan kang soleh-soleh kabeh maha suci tuan ya Allah lan kelawan pujine tuan nakseni kula ing setuhune ora nana pengeran anging tuan ngeprih pengampura kula lan taubat kula maring tuan

DO'A MAU ADZAN
X
اِلَهِىْ رَبِّيْ سُبْحَا نَ اللهِْ 3وَالْحَمْدُ اِللهِ وَلاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ وَلاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّبِااللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ
Duh pengeran isun maha suci Allah 3x lan utawi sakehe puji iku tetep keduwe Allah lan ora nana pengeran anging Allah lan utawi Allah iku agung lan ora nana daya upaya lan ora nana kekuatan anging ing Allah kang maha luhur tur kang maha agung

اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ عَلَىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَللَّهُمَّ رَبَّ هَذِهِ الدَّعْوَاتِ التَّا مَّا تِ وَالصَّلاَّ ةِ الْقَائِمَةِ اَتِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدَنِ الْوَصِيْلَةَ وَالْفَضِيْلَةَ وَالدَّرَجَةَ الْعَالِيَةَ الرَّفِيْعَةَ وَبْعَثْهُ الْمَقَامَ اْلمَحْمُوْدَ الَّذِى وَعَدْتَهُ اِنَّكَ لاَ تُخْلِفُ الْمِيْعَادِ بِرَحْمَتِكَ يَأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلىَ الْمُرْسَلِيْنَ وَاْلحَمْدُاِللهِ رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
Niat sholat Qobliah Dzuhur
اُصَلِّيْ سٌنَّةً الظُّهْرِ رَكْعَتَيْنِيْ قَبْلِيَةً اِللهِ تَعَالىَ

Sholat kula ing sunah dzohor rong roka'at hale sunah kobliah karna Allah ta'ala

Niat sholat ba'diah dzuhur
اُصَلِّي سُنَّةً الظُّهْرِ رَكْعَتَيْنِيْ بَعْدِيَةً اِللهِ تَعَالىَ
Sholat kula ing sunah dzohor rong roka'at hale sunah ba'dia karna Allah ta'ala

Niat sholat Qobliah ashar
اُصَلِّي سُنَّةً الَْصْرِ رَكْعَتَيْنَيْ قَبْلِيَةً اِللهِ تَعَالىَ
Sholat kula ing sunah Ashar rong roka'at hale sunah ba'diah karna Allah ta'ala
( ada yang mengatakan bahwa ashar dan subuh sunahnya ga make Qobliah karna ga ada ba'diahnya )
Niat sholat Qobliah magrib
اُصَلِّى سُنَّةً الْمَغْرِبِ رَكْعَتَيْنِ قَبْلِيَةً ِللهِ تَعَالىَ
Sholat kula ing sunah magrib rong roka'at hale sunah Qobliah karna Allah ta'ala
Niat sholat Ba'diah magrib
اُصَلِّى سُنَّةً الْمَعْرِبِ رَكْعَتَيْنِ بَعْدِيَةً ِللهِ تَعَالىَ
Sholat kula ing sunah magrib rong roka'at hale sunah ba'diyah karna Allah ta'ala

Niat sholat Qobliah Isya
اُصَلِّى سُنَّةَ الْعِشَاءِ رَكْعَتَيْنِ قَبْلِيَةً ِللهِ تَعَالىَ
Sholat kula ing sunah Isya rong roka'at hale sunah Qobliah karna Allah ta'ala
Niat sholat Ba'diah Isya
اُصَلِّى سُنَّةً الْعِشَاءِ رَكْعَتَيْنِ بَعْدِيَةً ِللهِ تَعَالىَ
Sholat kula ing sunah Isya rong roka'at hale sunah ba'diyah karna Allah ta'ala
Niat sholat Qobliah Subuh ٍ
اُصَلِّى سُنَّةً الصُّبْحِ رَكْعَتَيْنِ قَبْلِيَةً ِللهِ تَعَالىَ
Sholat kula ing sunah subuh rong roka'at hale sunah Qobliah karna Allah ta'ala
Do'a di antara sholat sunah dan fardu subuh
اَللَّهُمَّ رَبَّ جِبْرِيْلَ وَ مِيْكَاءِ يْلَ وَ اِسْرَا فِيْلَ وَرَبَّ مُحَمَّدٍ ص- م اَجِرْنِيْ مِنَ النَّا رِX 3
Ya Allah pengerane malaikat jibril lan pengerane malaikat isropil lan pemgerane malaikat izroil lan pengerane kanjang nabi muhamad SAW muga-muga nyelametaken tuan ing isun saking neraka

Niat Sholat Subuh
اُصَلَِّيْ فَرْضًا الصُّبْحِ رَكْعَتَيْنِ مُسَْقِْلَ الْكَعْبَهْ (اْلقِبْلَةِ ) اَدَاءً مَّاءْمُوْمًا اِللهِ تَعَالىَ

Sholat kula ing fardu subuh rong roka'at hale madep ka'bah ( kiblat ) hale nekani dadi ma'mum karma Allah ta'ala

اَللهُ اَكْبَرْ كَبِيْرًا وَّالْحَمْدُ اِللهِ كَثِيْرًا وَّ سُبْحَا نَ اللهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْل
اً
Utawi Allah iku agung hale luwih agung ,lan utawi sakehe puji iku tetep keduwe Allah hale akeh , Lan maha suci Allah ing isuk-isuk lan sore-sore

ِانِّيْ وَجَّهْتُ وَجْهِيَ ِللَّذِىْ فَطَرَالسَّمَوَاتِ وَاْلاَرْضَ حَنِيْفًا مُّسْلِمًا وَّمَا اَنَا مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ

Setuhune kula iku ngadepaken kula ing rerahi kula keduwe dzat kang merugakaken ( midamel ) ia dzat ( Allah ) ing sakehe langit lan bumi hale condong tur pasrah lan ora nana kula iku saking wong musrik kabeh

اِنَّ صَلاَ تِيْ وَنُسُكِيْ وَمَحْيَا يَ وَمَمَا تِيْ ِللهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ

Setuhune sholat kula lan ibadah kula lan urip kula lan mati kula iku tetep keduwe Allah pengerane wong alam kabeh

لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَبِذَ الِكَ اَُمِرِْتُ وَاَنَا مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ
Ora ana kang nyekutoni ( ngebaturi ) keduwe Allah lan kelawan mengkono kang den sebut den perentah isun lan utawi isun iku saking wong islam kabeh

اَعُوْذُ بِااللهِ مِنَ الشَّيْطَا نِ الرَّجِيْمِ * بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Ngelindung isun anyebut asmane Allah saking setan kang den ranjam * Memiti isun anyebut asmane Allah kang murah ing dalem dunia tur kang welas asih ing dalem akhirat

اَلْحَمْدُ اِللهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ * اَلرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Utawi sakehe puji iku tetep keduwe Allah pengerane wong alam kabeh *
Kang murah ing dalem dunia tur kang welas asih ingdalem akhirat

مَالِكِ يَوْمِ الدِّيْنِ * اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّا كَ نَسْتَعِيْنُ
Kang ngeratoni ing dalem dina kiamat * Ing tuan nyembah kula lan ing tuan ngeprih pitulung kula

اِهْدِنَا الصِّرَا طَ الْمُسْتَقِيْمِ * صِرَا طَ الَّذَيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ غَيْرِ الْمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ وَلاَالضَّالِيْنَ * اَمِيْنَ

Muga muga nuduhaken tuan ing kula ing dedalan kang lempeng * Dedalane wong iku kabeh kang sampun ngeni'mati tuan ingatase wung iku kabeh , Seliane dedalane wong kang den bendoni ing atase wong iku kabeh lan dudu wong kang sasar kabeh * Muga – muga nyembadani tuan ing do'a kula

اَللهُ اَكْبَرْ * سُبْحَا نَ رَبِّيَ الْعَظِيْمِ وَبِحَمْدِهِ

Utawi Allah iku agun * Maha suci he pengeran kula kang maha agung lan kelawan pujine Allah

سَمِعَ اللهُ لِمَنْ حَمِدَ هُ رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ

Muga – muga nerima sapa Allah keduwe wong kang muji ia si wong ing Allah he pengeran kula iku tetep keduwe tuan utawi puji

اَللَّهُمَّ اهْدِنِْيْ فِيْمَنْ هَدَ يْتَ * وَ عَافَنِيْ فِيْمَنْ عَا فَيْتَ * وَتَوَلَّنِيْ فِيْمَنْ تَوَلَّيْتَ

Ya Allahmuga-muga nuduhaken tuan ing kula serta wong kang sampun nuduhaken tuan * lan muga-muga ngewarasaken tuan ing kula serta wong kang sampun ngewarasaken tuan *lan muga-muga ngasihi (ngowehi ) tuan ing kula sertane wong kang sampun ngasihi tuan

وَبَا رِكْ ِليْ فِيْمَا اَعْطَيْتَ * وَقِنِيْ شَرَّ مَا قَضَيْتَ * فَاءِ نَّكَ تَقْضِيْ وَلاَ يُقْضَى عَلَيْكَ

Lan muga-muga ngeberkahaken tuan ing isun ing dalem barang kang sampun ngowehaken ( ngisungi ) tuan * lan muga-muga ngeraksa tuan ing kula ing ala-alane barang kang sampun ngehukumi tuan * mangka setuhune tuan iku ngehukumi tuan lan boten den hukumi apa ing atase tuan

فَاءِ نَّهُ لاَ يَذِ لُّ مَنْ وَ لَيْتَ * وَلاَ يَعِزُّ مَنْ عَا دَيْتَ * تَبَا رَكْتَ رَبَّنَا وَ تَعَا لَيْتَ

Mangka setuhune kelakuan iku boten hina sapa wong kang sampun ngasihi tuan * lan boten luhur sapa wong kang sampun nyatroni tuan * Maha berkah ( suci ) tuan he pengeran kula lan maha luhur tuan

فَالَكَ الْحَمْدُ عَلىَ مَا قَضَيْتَ اَسْتَغْفِرُ كَ اللَّهُمَّ وَ اَتُوْبُ اِلَيْكَ

Mangka iku tetep keduwe tuan iku puji ing atase barang kang sampun ngehukumi tuan , ngeprih pengampura kula ing tuan ya Allah lan taubat kula maring tuan

وَ صَلىَّ اللهُ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ اْلاُمِّيِّ وَعَلىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

Lan muga-muga ngerohmati sapa Allah ing atase gusti kita kanjang Nabi Muhamad kang dadi nabi kang bangsa umi lan ing atase kaula wargane kanjang nabi lan muga-muga nyelametaken ia Allah

اَللهُ اَكْبَرْ * سُبْحَا نَ رَبِّيَ اْلاَ عْلىَ وَبِحَمْدِهِ

Utawi Allah iku agung * Maha suci he pengeran kula kang maha luhur lan kelawan pujine Allah

اَللهُ اَكْبَرْ * رَبِّ اغْفِرْلِيْ وَارْحَمْنِيْ وَاجْبُرْنِيْ وَارْفَعْنِيْ وَارْزُقْنِيْ وَاهْدِ نِيْ وَعَافِنِيْ وَاعْفُ عَنِّيْ

Utawi Allah iku agung * He pengeran kula muga-muga ngampura tuan keduwe kula , lan muga-muga ngerohmati tuan ing kula lan muga-muga nambeli tuan ing kula ,lan muga-muga ngangkat tuan ing kula ,lam muga-muga ngerezkeni tuan ing kula ,lan muga-muga nuduhaken tuan ing kula ,lan muga-muga ngewarasaken tuan ing kula , lan muga-muga ngampura tuan saking kula

اَللهُ اَكْبَرْ * سُبْحَاِ نَ رَبِّيَ اْلاَ عْلىَ وَبِحَمْدِهِ

Utawi Allah iku agung * Maha suci he pengeran kula kang maha luhur lan kelawan Pujine Allah

اَللهُ اَكْبَرْ * اَلتَّحِيَّةُ اْلمُبَا رَكَا تُ الصَّلَوَاتُ الطَّيِّبَاتُ ِلل
هِ
Utawi Allah iku agung * Utawi sakehe tatakrama Utawi sakehe keberkahan Utawi sakehe solawat utawi sakehe kebagusan iku tetep keduwe Allah

اَلسَّلاَ مُ عَلَيْكَ اَيُّهَا النَّبِيُّ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَا تُهُ * اَلسَّلاَ مُ عَلَيْنَا وَعَلىَ عِبَا دِ اللهِ الصَّالِحِيْنَ

Utawi keselametan iku tetep ing atase andika he eling-elinge para nabi lan rohmate Allah lan keberkahanane Allah, Utawi keselametan iku muga tetep ing atase kita lan ing atase hamba-hamba tuan kang soleh-soleh kabeh

اَشْهَدُ اَنْ لاَّ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَّسُوْلُ الل
هِ
Nakseni kula ing setuhune kelakuan ora nana pengeran anging Allah lan nakseni kula ing setuhune kanjang nabi muhamad iku utusanane Allah

اَللَّهُمَّ صَلىِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا مُحَّمَدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلىَ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ

Ya Allah muga-muga ngerohmati tuan ing atase gusti kita kanjang nabi muhamad lan kaula wargane gusti kita kanjang nabi muhamad kaya barang kang sampun ngerohmati tuan ing atase gusti kita kanjang nabi ibrohim lan ing atase kaula wargane gusti kita kanjang nabi ibrohim

وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلىَ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ

Lan muga-muga ngeberkahaken tuan ing atase gusti kita kanjang nabi muhamad lan kaula wargane kanjang nabi muhamad kaya barang kang sampun ngeberkahi tuan ingatase gusti kita kanjang nabi ibrohim lan ing atase kaula wargane kanjang nabi ibrohim

فِى الْعَا لَمِيْنَ رَبَّنَا اِنِّكَ حَمِيْدٌ مَّجِيْدٌ

Ingdalem wong alam kabeh setuhune tuan iku puji kang agung
اَللَّهُمَّ اِنِّيْ اَعُوْذُبِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَمِنْ عَذَابِ النَّارِ وَمِنْ فِتْنَةِ اْلمَحْيَا وَالْمَمَاتِ
Ya Allah setuhune kula iku ngelindung kula ing tuan saking siksa kubur lan saking siksa neraka , lan saking fitnahe wong urip lan wong mati

وَمِنْ شَرِّ فِتْنَةِ مَسِيْحِ الدَّجَالِ يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قَلْبِيْ عَلىَ دِيْنِكَ وَعَلىَ طَعَاتِكَ
Lan saking ala-alane fitnahe masihiddajal he dzat kang ngebulak balikakene ati muga –muga netepaken tuan ing ati isun ing atase agama ing tuan lan ing atase to'at ing tuan

اَلسَّلاَ مُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ * اَلسَّلاَ مُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ
Utawi keselametan iku tetep ing atase sira sekabeh ,lan rohmate Allah ,Utawi keselametan iku tetep ing atase sira sekabeh lan rohmate Allah

Wiridan Ba'da shola
اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ * اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ * اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ اَلَّذْى لاَ اِلَهَ اِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْ مُ وَ اَتُوْبُ اِلَيْهِ مِنْ جَمِيْعِ لْمَعَا صِ وَالذُّنُوْبِ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِ وَيُمِيْتُ وَهُوَ عَلىَ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرُ 10كَاِلْى اَللَّهُمَّ اَجِرْنَا مِنَ النَّارِ 6 كَالِىْ اَللَّهُمَّ اَجِرْنَا مِنْ عَذَابِ النَّارَ اَللَّهُمَّ اَنْتَ السَّلاَ ُم وَمِنْكَ السَّلاَ مُ وَاِلَيْكَ يَعُوْ دُ السَّلاَ ُمُ فَحَيِّنَا رَبَّنَا بِِاالسَّلاَ مُ وَاَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ دَارَ السَّلاَ مِ تَبَا رَكْتَ رَبَّنَا وَتَعَالَيْتَ يَاذَالْجَلاَلِ وَاْلاِكْرَامِ سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا غُفْرَانَكَ رَبَّنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ * اَللَّهُمَّ صَلىِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ َعلَىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ 9 كَالِى اَللَّهُمَّ صَلىِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارِكْ وَسَلِّمْ اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ * اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ * اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ اَلَّذِى لاَ اِلَهَ اِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْ مُ وَ اَتُوْبُ اِلَيْهِ مِنْ جَمِيْعِ لْمَعَا ِص وَالذُّنُوْبِ لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاِ اللهِ الْعَلىِّ الْعَظِيْمِ

Ngeprih pengampunan isun ing Allah kang maha agung ,3x kang ora nana pengeran anging Allah dzat kang urip kang jumeneng lan taubat kula maring Allah saking sekabeh kesalahan lan dosa , Ura nana pengeran anging allah hale deweke Allah ,ora nana kang nyekotoni keduwe Allah ,iku tetep keduwe Allah utawi keraton lan iku tetep keduwe Allah utawi puji kang nguripaken ia Allah lan kang ngematikaken ia Allah ,lan ia Allah ingatase saban-saban sewiji-wiji iku dzat kang kuasa ,Ya Allah utawi tuan iku keselametan lan saking tuan iku keselametan ,lan maring tuan iku bebalik apa keselametan ,mangka muga-muga nguripaken tuan ing kula kelawan keselametan,lan muga-muga manjingaken tuan ing kula ing surga ing desa keselametan,maha berkah tuan he pengeran kula ,lan maha luhur tuan he dzat kang anduweni ke agungan lan kemulya'an ,ngerungu kita lan toa't kita ing ampunan tuan he pengeran kula lan maring tuan iku panggonan bebalik ,(Ya Allah muga-muga ngerohmati tuan ing atase gusti kita kanjang Nabi Muhamadlan lan ing atase kaula wargane kanjang Nabi Muhamad lan sahabate kanjang Nabi Muhamaglan lan muga-muga nyelametaken ia Allah 9X ) Ya Allah muga-muga ngerohmati tuan ing atase gusti kita kanjang Nabi Muhamadlan lan ing atase kaula wargane kanjang Nabi Muhamad lan sahabate kanjang Nabi Muhamaglan lan muga-muga ngeberkahaken ia Allah lan nyelametaken ia Allah Ngeprih pengampunan isun ing Allah kang maha agung ,3x kang ora nana pengeran anging Allah dzat kang urip kang jumeneng lan taubat kula maring Allah saking sekabeh kesalahan lan dosa ,ora nana daya upaya lan ora nana kekuatan anging ing Allah dzat kang maha luhur tur kang maha agung

DO'A KETIKA DATANG WAKTU PAGI
اَللَّهُمَّ فَا طِرَالسَّمَوَاتِ وَاْلأََََ َضِ عَالِمَ الْغَيْبِ وَالشَّهَا دَةِ رَبِّ كُلِّ شَيْئٍ وَمَلِيْكِهِ اَشْهَدُ اَنْ لاَّاِلَهَ اِلاَّ اَنْتَ اَعُوْذُبِكَ مِنْ شَرِّنَفْسِىْ وَمِنْ شَرِّ الشَّيْطَا نِ وَشِرْكِهِ
Ya Allah dzat kang midamele sakehe langit lan bumi ,kang uningan kang goib lan kang nyata pengerane saban-saban sewiji-wiji lan kang nerajaninane sewiji-wiji nyakseni kula ing setuhune ora nana pengeran anging tuan ngelindung kula ing tuan saking ala-alane awak kula lan saking ala-alane setan lan batur-bature setan
Do'a mau makan
اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْمَا رََزَ قْتَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّاِر

Ya Allah muga-muga ngeberkahaken tuan keduwe kita ing dalem barang kang sampun ngerezkeni tuan ing kita lan muga – muga ngeraksa tuan ing kita ing siksa neraka
Do'a sesudah makan

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِىْ اَطْعَمَنَا وَسَقَنَا وَجَعَلَنَا مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ

Utawe sakehe puji iku tetep keduwe Allah kang aweh pangan ia Allah ing kita lan nginungi ia Allah ing kita lan muga-muga ngedadikaken ia Allah ing kita saking wong islam kabeh
Do'a Masuk WC
اَللَّهُمَّ اِنِّيْ اَعُوْذُ بِكَ مِنَ الْخُبُثِ وَالْخَبَا ئِثِ

Ya Allah setuhune kula iku ngelindung kula ing tuan saking setan lanang lan setan wadon
Do'a Cebok
اَللَّهُمَّ طَهِّرْ قَلْبِيْ مِنَ النِّفَا قِ فَحَسِّنْ فَرْجِيْ مِنَ الْفَوَا حِشِ

Ya Allah muga-muga ngebersihaken tuan ing ati kula saking kemunafikan maka muga-muga ngebagusaken tuan ing parji kula saking kekotor
Do'a keluar WC
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَذْهَبَ عَنِّي اْلأَ ذَي وَعَافَنِى

Utawi sakehe puji iku tetep keduwe Allah saking isun ing kekotor ( lelara ) lan ngewarasaken ia Allah ing isun

Do'a Supaya Mati Khusnul Khotimah
اَللَّهُمَّ اَكْرِمْ هَذِهِ اْللأُمَّةَ الْمُحَمَّدِيَّهْ بِجَمِيْلِ عَوَائِدُكَ فِى الدَّارَيْنِ إِكْرَامًا لِمَنْ جَعَلْتَهَامِنْ اُمَّتِهِ صَلىَّ اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ

Ya Allah mudah-mudahan ngemulyakaken tuan ing ikilah umat kanjang nabi muhamad kelawan bagus-baguse janji tuan ing dalem desa roro kaya ngemulyakaken kedue wong kang ngedadikaken tuan ing janji saking umate kanjang nabi muhamad SAW.


Do'a Ketika Kita Melihat Musibah
اَلْحَمْدُ ِللهِ عَافَانِىْ مِمَّابْتَلاَكَ بِهِ وَفَضَّلَنِيْ عَلىَ كَثِيْرٍ مِمَّنْ خَلَقَ تَفْضِيْل
اً
Utawi sakehe pujiiku iku tetep keduwe Allah kang wis ngewarasaken ia Allah ing kula saking barang kang sampun ngebelaini ia Allah ing sira kelawan barang , lan ngunggulaken ia Allah ing kula ing atase wong akeh saking wong kang ngedadikaken ia Allah kelawan keutamaan
Do'a Ketika Masuk Pasar
ِبسْمِ اللهِ اَللَّهُمَّ اِنَِّيْ اَسْألَُكَ مِنْ خَيْرِ هَذِهِ السُّوْقِ وَخَيْرِِ مَا فِيْهَا وَاَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّهَا وَشَرِّ مَا فِيْهَا اَللَّهُمَّ اِنِّيْ اَعُوْذُ ِبكَ اَنْ أُصِيْبَ فِيْهَا يَمِيْنًا فَا جِرًا اَوْ صَفْقَةً خَاسِرَةً

Memiti isun anyebut asmane Allah Ya Allah setuhune kula iku ngenda kula ing tuan saking becik-becike ikilah iki pasar lan becik-becike barang kang ana ing jerone pasar , lan ngelindung kula ing tuan saking ala-alane ikilah iki pasar lan ala-alane barang kang ana ing jerone pasar ya Allah setuhune kula iku ngelindung kula ing tuan ing arep yentah ngenani kula ing jerone pasar ing sumpah kang lacur , lan akad-akadan kang rugi

Do'a Melihat Tanggal
َاللَّهُمَّ اَهِلَّهُ عَلَيْنَا بِااْلأَ ْمنِ وَاْلإِيْمَانِ وَالسَّلاَ مَةِ وَاْلإِسْلاَمِ وَالسَّكِيْنَةِ وَالْعَافِيَةِ وَالرِّزْقِ الْحَسَنِ وَالتَّوْفِيْقِ لِمَا تُحِبُّ وَتَرْضَى رَبَّنَا وَرَبَكَ اللهُ
Ya Allah muga ngedadikaken tanggal tuan ing tanggal ing atase kita kelawan aman lan iman lan selamet lan islam lan anteng lan sehat lan rizki kang bagus lan pituduh kedue barang kang demen tuan lan ridho tuan utawi pengeran kita lan pengeran andika iku Allah
Do'a Ketika Melihat Sesuatu Yang Kita Sukai
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِىْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ
Utawi sakehe puji iku tetep keduwe Allah kang kelawan ni'mate Allah den sempurnakaken apa kepatutan

Do'a Ketika Melihat Kema'siatan
اَلْحَمْدُ ِللهِ عَلىَ كُلِّ حَاٍل رَبِّ اَعُوْذُبِكَ مِنْ حَالِ اَهْلِ النَّارِ
Utawi sakehe puji iku tetep keduwe Allah ing atase saban-saban tingkah , he pengeran kula ngelindung kula ing tuan saking tingkahe ahli neraka
Do'a Sesudah Minum
اَلْحَمْدُاِللهِ الَّذِىْ سَقَنَاعَذْبًافُرُاتًابِرَحْمَتِكَ وَلَمْ يَجْعَلْهُ مِلْحًاأُجَاجًابِذُنُوْبِنَا
Utawi sakehe puji iku tetep kedue Allah kang nginungi ia Allah ing kita ing banyu kang adem tur kang manis kelawan rohmat tuan Lan ora ngedadikaken ia Allah ing banyu ing asin tur pait kelawan sakehe dosa kita
Do'a Ketika Melewati Quburan

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ يَاأَهْلَ الدِّيَِارِمِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالصَّالِحِيْنَ وَالصَّالِحَاتِ اَنْتُمْ لَنَاسَلَفٌ وَنَحْنُ لَكُمْ تَبَعٌ وَإِنَّاإِنْ شَأَاللهُ بِكُمْ لاَ حِقُوْنَ
Utawi keselametan iku tetep ing atase sira kabeh he ahli kampung saking wong mu'min lanang lan wong mu'min wadon lan wong islam lanang lan wong islam wadon lan wong soleh lanang lan wong soleh wadon utawi sira sekabeh kedue kita iku kang ngedingini lan utawi kita keduwe sira iku kang nurut buri lan setuhune kita lamun ngarsakaken sapa Allah iku kang tetemu kabeh

Do'a Apabila Sakit Badan
بِسْمِ اللهِ يُبْرِيْكَ مِنْ كُلِّ دَاءٍيَشْفِيْكَ وَمِنْ شَرِّحَاسِدٍإِذَاحَسَدَ وَمِنْ َشِّركُلِّ ذِىْ عَيْنٍ
Memiti isun anyebut asmane Allah ngelebaraken ia Allah ing sira , saking saban-saban lelera ngewarasaken ia Allah ing sira lan saking alane wong kang hasud tetkalane hasud ia wong kang hasud lan saking alane saban-saban kang anduweni nyata

Do'a Melihat Buah2an Yang Masih Segar

Di sunahkan bagi kita sebelum memakan buah-buahan yang masih segar menempelkan buah-buahan tersebut di kedua mata kita lalu memutar-mutarkannya sambil membaca doa lalu memutar-mutarkannya ke mulut kita Do'anya SBB :


اَللَّهُم َّكَمَاأَرَيْنَااَوَّلَهُ فَأَرِنََاأَخِرَهُ
Ya Allah kaya barang kang ningalaken tuan ing kita ing awale buah-buahan muga-muga ningalaken tuan ing kita ing akhire buah-buahan

0 komentar: